Pangajab Rama Kawula

Katulis kanthi ambandhingake jarwa Inggris lan paramasastra basa Ellas Koyni.

Bisa katêmbangake ing pupuh Kinanthi kanthi wanda kawiyarake.

Pupuh 1
Rama kawula ingkang ing swargi
Asma Pañjênêngan Dalêm mugi kaluhurna
Karaton Pañjênêngan Dalêm mugi arawuha
Karsa Pañjênêngan Dalêm mugi kalampahana 
ing bumi kados dene ing swargi 2x

Pupuh 2
Mugi paringana kawula sami ing dintên sapunika 
roti maucadrawya kawula sami.
Lan mugi apuntênana dosa kawula sami 
kados dene kawula sami ugi angapurani para tiyang ingkang madosa marang kawula sami. 2x

Pupuh 3
Lan mugi ampun lêbêtna 
kawula sami dhumatêng panggodha
Ananging mugi luwarana 
kawula sami saking piawon.

Awitdene kagungan Pañjênêngan Dalêm 
inggih punika karaton, kawisesan, tuwin kamulyan kanthi salaminipun.

Amin.


Cathêtan:
Amarga têmbang Kinanthi iku wis adawa lan ing pinganggo iki diwiyarake, bisa uga dianggo kanggo amaca Jabur, Iñjil, Layang Apostol, lsp. Diwaca lan dipêgat miturut sanalaring ukara. Bisa saayat kawaca awutuh. Lan bisa uga saayat kawaca apêgat, iku ora apa-apa. Amarga dawaning ayat iku abeda abeda. Dawane mau kacocogake karo wiyar lan cêndheking sabên lariking têmbang.

Waca uga:
Pupuh Têmbang lan Ajisuci #têmbang

Comments

Popular posts from this blog

Pêthikujar saka Para Pinisuci

Têtêmbungan Pligi