Pupuh Têmbang lan Ajisuci
Padha kaya ing tutulis "Pangajab Rama Kawula", ing kene kita arêp asinau babagan têmbang lan pinganggone tumrap ajisuci.
Ing pangajab Rama Kawula, kita bisa anganggo têmbang Kinanthi kanggo amaca. Jalarane yaiku têmbang Kinanthi sabên larike ameh maana 10 wanda. Bañjur, ing pimacaning ajisuci iki, têmbang ora umanut ing pada wilangan lan pada lagu. Ananging kawiyarake. Mula, têmbang Kinanthi kang wis adawa iki bisa samsaya didawakake. Lan tamtu bisa kacêndhakake. Paricita iki padha karo ing Gregorian chant. Larase apadha. Ananging, dawa lan cêndhake bisa katata gumantung kabutuhan.
Têmbang Macapat iku watêke abeda abeda. Mula, yen namung anganggo têmbang Kinanthi kurang maapik uga. Ing sangisor iki pilihan têmbang Macapat kanggo pimaca:
1) Kinanthi = alumrah, apadhang, asênêng
2) Gambuh = pitutur, atuwa
Tuladha:
Gambuh miturut watêke bisa kanggo amaca Wulang Bêbasan.
Comments
Post a Comment