Posts

Têtêmbungan Pligi

Kidung: Kidung Tanlinungguh = akathist Kidung Babalen = troparion Kidung = hymn, chant Pakamacapat = singing hymn in Macapat tones Laras = tone Lakularas = melody Pangidung = cantor, hymner Pura Pangandêlan: Pura Pangandêlan / Purandêl = parish, Church building Alpapura = chapel Pura pasewakan = katedral Pasewakan suci = kathedra Brayandêl = the body of believers, Church, congregation Brayalumrah = laity Pujanara = clergy Pasêmbahyangan = worship place Patawuran = altar Tawur tangêtih/tanpa gêtih = Bloodless Sacrifice Pangajab: Pangajab = supplication Sêmbahyang = worship, prayer Pujakala = divine hours Pujakriya = liturgy Pujakrama = rite Pujakrama Wetan = eastern rite Pujakrama Kulon = western rite Pralayanging wayah = book of hours Ajisuci = the Holy Bible, Scriptures

Kidung Babalen Paskah

Kidung Babalen (Troparion) Paskah iki kajarwakake saka basa Inggris: Kristus wis awungu saka pati Amêjahi Sang Pati kanthi pati Lan marang kang ing pakuburan Amaringi urip

Kidung Tuhu Patut

Kidung (Axion Estin) kajarwakake saka basa Inggris: Tuhu apênêr kanggo anyuwayu Pañjênêngan Dalêm, Dhuh Theotokos,  Kang kasuwayon salawase lan paling umurni Lan Renaning Sang Hyanggusti kawula sami Luwih kinurmatan tinimbang kerubim Lan parama ing pibandhing luwih mamulya tinimbang serapim Kang tanpa pimalaslira amiyosake Sanghyang Têmbung Sang Pamaringwiyos Dalêm Hyanggusti kang abênêr Kawula sami amuji Pañjênêngan Dalêm

Kidunging Kerubim

Kidunging Kerubim kajarwakake saka basa Inggris: Awakdhewe kang kanthi apraguhya anyulihtuduh para kerubim lan ingkang angidung marang Sanghyang Tritunggal kang amaringi urip kidung trisuci Ayo padha anyelehake sakabehing pipengining donya kita saiki Supaya kita oleh anampa Ratuning kabeh Dhinerekan kanthi ora katon dening para undhaning swargaduta Halleluyah.

Pupuh Têmbang lan Ajisuci

Padha kaya ing tutulis "Pangajab Rama Kawula", ing kene kita arêp asinau babagan têmbang lan pinganggone tumrap ajisuci. Ing pangajab Rama Kawula, kita bisa anganggo têmbang Kinanthi kanggo amaca. Jalarane yaiku têmbang Kinanthi sabên larike ameh maana 10 wanda. Bañjur, ing pimacaning ajisuci iki, têmbang ora umanut ing pada wilangan lan pada lagu. Ananging kawiyarake. Mula, têmbang Kinanthi kang wis adawa iki bisa samsaya didawakake. Lan tamtu bisa kacêndhakake. Paricita iki padha karo ing Gregorian chant. Larase apadha. Ananging, dawa lan cêndhake bisa katata gumantung kabutuhan. Têmbang Macapat iku watêke abeda abeda. Mula, yen namung anganggo têmbang Kinanthi kurang maapik uga. Ing sangisor iki pilihan têmbang Macapat kanggo pimaca: 1) Kinanthi = alumrah, apadhang, asênêng 2) Gambuh = pitutur, atuwa Tuladha: Gambuh miturut watêke bisa kanggo amaca Wulang Bêbasan.

Pangajab Rama Kawula

Katulis kanthi ambandhingake jarwa Inggris lan paramasastra basa Ellas Koyni. Bisa katêmbangake ing pupuh Kinanthi kanthi wanda kawiyarake. Pupuh 1 Rama kawula ingkang ing swargi Asma Pañjênêngan Dalêm mugi kaluhurna Karaton Pañjênêngan Dalêm mugi arawuha Karsa Pañjênêngan Dalêm mugi kalampahana  ing bumi kados dene ing swargi 2x Pupuh 2 Mugi paringana kawula sami ing dintên sapunika  roti maucadrawya kawula sami. Lan mugi apuntênana dosa kawula sami  kados dene kawula sami ugi angapurani para tiyang ingkang madosa marang kawula sami. 2x Pupuh 3 Lan mugi ampun lêbêtna  kawula sami dhumatêng panggodha Ananging mugi luwarana  kawula sami saking piawon. Awitdene kagungan Pañjênêngan Dalêm  inggih punika karaton, kawisesan, tuwin kamulyan kanthi salaminipun. Amin. Cathêtan: Amarga têmbang Kinanthi iku wis adawa lan ing pinganggo iki diwiyarake, bisa uga dianggo kanggo amaca Jabur, Iñjil, Layang Apostol, lsp. Diwaca lan dipêgat miturut sanalaring ukara. Bisa saa...

Sanggar Puja

Image
Sanggar Puja kanthi santacitra "Piandhapasor kang Têmênan" Sanggar Puja kanthi santacitra "Kristus sang Mahakuwasa" Sanggar puja kanthi santacitra "Wungu Dalêm Sanghyang Gusti Yesus" lan êndhog Paskah ing sisih atêngên. Palangkiran kanthi santacitra "Sang Prawan karo Sang Anak" Palangkiran rong undha Palangkiran ing Rasiyê lan nagara-nagara Slav Palangkiran lan lilin kaapit dening santacitra ing tembok Palangkiran gapit lawang kaapit dening dwarapala swargaduta  Palangkiran gapit lawang lan lilin Santacitradêg ing jaba Santacitradêg acilik kanggo ing meja Sanggah watu ing taman Sanggah wêsi lan lilin Sanggah watu ing pinggiring dalan Santacitradêg jaba ing Rasiyê Sanggar puja ing taman