Babagan
Dalanpênêr punika atêgês dalan kang apênêr. Orthodoxia ing basa Ellasipun.
Agama Kristên wis maana ing Ellas wiwit jaman Apostolos Paulus kautus mênyang para wong sadudu Ibrani bubar kadadeyan ing Antiyokiyà uga. Ing kabauraton Roman laladan wetan, wong-wong anganggo basa Ellas wiwit asuwe. Kalêbu wong Yahudi kang wis agawe jarwaning Alkitab Prajañjeyan Lawas awujud Alkitab Pitungpuluh ing jaman sadurunging wiyos Pañjênêngan Dalêm Sanghyang Gusti Yesus Kristus, gusti kita, ing donya iki dumadi tuhu manungsa lan tuhu Sang Hyanggusti.
Bañjur para apostolos kapatisêksi dening bauratu utawa pamarentah ing jaman samana. Wong-wong Kristên kawitan uga maakeh kang kapatisêksi lan dumados sêksining piandêl marang Gusti kita Sanghyang Yesus Kristus. Awit mangkono, maakeh wong kang umalihagama dumadi Kristên baka sathithik.
Agama Kristên samsaya maakeh pangandêle lan bauratu Konstantin jaman iku uga dumadi wong Kristên. Katedral padha kawangun ing laladan kabauraton sisih wetan lan kulon. Dhasaring piandêl agama Kristên ingkang apênêr samsaya katulis supaya piandêl kang apênêr mau têtêp alêstari lan ora kaowahan dening wong-wong kang maalaati.
Ing tulisan-tulisan Ramaning Grija, têmbung Orthodoxia yaiku dalanpênêr akeh dianggo ing sisih wetan utawa kulon. Nganti, laladan kabauraton sisih kulon katêlukake dening wong Frank lan Ramagung ing kutha Romà kang dumadi salah sawiji saka limang pañcakutha (Pentarkhia) kapêksa kanggo angowahi andêlcitra Nikeyà-Konstantinopel baka sathithik taun umundhak taun kang kaaranan 'Filioque'.
Samsaya asuwe, piandêl ing kulon akêna ing piowah-piowah saka wong Frank. Lan amarga prakara nagaratata uga kayata Ramagung ing Romà kang angupaya dumadi Ramagunging para Ramagung agawe akisruh lan pêgatgama maagung ing Grija. Bañjur, jênênging Grija kang kaaranan Catholica lan Orthodoxia mau kapêcah dumadi loro. Grija Katulig Romà kang awujud sakutha kaaranan mangkono ing sisih kulon, lan Grija Dalanpênêr kang awujud patang kutha saka pañcakutha kawitan mau ing sisih wetan.
Nganti saprene, Dalanpênêr kang dumadi gondhelaning para Ramaning Grija kawitan mau karêksa lan kajaga têmênan ing Grija Dalanpênêr kang saiki ora namung aduwe patang kutha kanggo Ulu Ramagung (Metropolitan). Ananging, uga saka laladan liyane kang dumadi nagara-nagara maanyar ing jaman saiki.
Blog iki tujugawene yaiku kanggo añjarwekake tulisan-tulisan babagan piandêling Kristên Dalanpênê mau kanggo papadhanging wong Jawa lan ati kang maayêm saha atêntrêm ing donya kang kêbak ing piala iki. Amin
Mugi Gusti kita Sanghyang Yesus Kristus ambrêkahi blog iki.
Ing namining Sanghyang Rama, Sanghyang Putra, lan Sanghyang Atma Suci. Kanthi pangajabing Pameneh Wiyosing Sanghyang Gusti, Mariyà. Amin
Comments
Post a Comment